Sarehne wis bola-bali Kancil bisa nylametake warga alas saka pamangsane Macan, awan kuwi kabeh warga alas nganakake pirembugan mirunggan sing wigatine arep ngangkat Kancil sajak ti-dha-tidha, ngelingi dadi pengayoman iku dudu perkara kang ora enthengMbok ya aja aku. Gajah utawa Bantheng kuwi luwih pantes didadekake pengayoman. Coba ta sawangen, awake Gajah gedhe, tenagane rosa. Bantheng semono uga, sakliyane rosa, sungune landhep pindha ri kemarung. Sedheng aku dhewe ora duwe piyandel apa-apa.” Pratelane kancil nalika dadi pengayoman dening warga alas.
”Ah, ya aja ngono ta Cil. Kabeh warga alas kene ngerti yen kowe lantip. Sanajan awakmu cilik, nanging sugih akalmu kuwi bisa nylametake warga alas saka pamangsane Macan,” kandhane Bebek sing sawetara dina kepungkur meh wae kamangsa Macan lan bisa ditulungi Kancil.
”Iya lho, Cil. Upama wingi ora ana kowe, aku mesthi klakon dadi mangsane Macan. Apa kuwi kurang bukti yen kowe kuwi pantes dadi pengayoman ing alas kene?” Jaran sing wingi uga meh kamangsa Macan melu imbal.
Cekak cukupe para warga alas padha ngrimuk Kancil dadi pengayoman. Kancil dhewe malah plenggang-plenggong ora ngerti kudu semaur kepriye. Sarehne didheseg terus wusanane Kancil saguh dadi pengayomane para warga ing alas kana.
”Aku manut. Yen kabeh duwe kekarepan kaya mangkono aku gelem dadi pengayoman ing alas kene,” semaure Kancil kanthi abot, ”Nanging ya kuwi aku njaluk panyengkuyungmu kabeh, kahanan alas iki ayo padha direksa kanthi bebarengan. Lan samangsa-mangsa tumindakku minangka pengayoman luput, aja wigah-wigih ngelikake,” kandhane Kancil gawe mareme warga alas.
Wiwit dina kuwi Kancil dadi pengayoman tumrap warga alas liyane. Sawernaning perkara dirampungi sarana pirembugan kanthi becik. Marang para warga alas, Kancil uga ora mbedak-mbedakake, kabeh disengguh padha, kabeh diayomi. Mula ora mokal para warga alas saya kurmat lan ngajeni marang Kancil.
Sikape Kancil sing kaya mangkono kuwi pranyata ora suwe. Merga saben dina dikurmati lan diajeni Kancil wusanane lali purwa duksina. Watake Kancil malik grembyang. Saiki saben dina senenge mung prentah, warga alas sing cilik-cilik ora dianggep, senenge nggugu karepe dhewe merga rumangsa wis pinter dhewe.
Bab sing kaya mangkene iki ndadekake gelane para warga alas sing biyen nyengkuyung dadi pengayoman. Mula warga alas sing biyen padha nyengkuyung Kancil, banjur padha nganakake pirembugan maneh. Sawise nganakake pirembugan warga alas bebarengan tumuju omahe Kancil saprelu ngelikake kareben tumindake ora ndlarung. Nanging sajake Kancil wis lumuh marang pitutur becik, sanajan kabeh wis padha ngelikake marang tumindake, parandene babar pisan ora dianggep merga rumangsa sing paling pinter dhewe ing alas kana. Kabeh sing teka ing omahe malah diudamana entek amek kurang golek. Warga alas sing nyoba ngelingake Kancil wusanane mulih kanthi ngembol ati cuwa.
”Kancil saiki dudu pengayome awake dhewe maneh. Mula sapari polahe Kancil dijarake wae. Ora sah digagas. Yen prentah ora sah diturut. Bakune awake dhewe kabeh kudu tansah rukun lan tun tinulung, yen ana bot repote warga kabeh kudu sabiyantu. Bebaya saka Macan sing bakal mangsa awake dhewe ayo padha diadepi kanthi bebarengan,” pangajake Jaran sing banjur disetujoni warga liyane.
Wiwit dina kuwi Kancil ora dianggep minangka pengayoman maneh. Saparipolahe dijarke. Mrana mrene ora dikumarti, ora ana sing gelem takon maneh. Ing pangajab Kancil bisa ngowahi tumindake bali kaya biyen. Nanging parandene Kancil lumuh ngowahi tumindake.
”Yoh, kabeh dha lali marang lelabuhanku, upama ora ana aku, kowe kabeh mesthi wis dadi mangsane Macan. Ora dadi pengayoman ora patheken, suk maneh yen Macan teka arep mangsa kowe kabeh aja njaluk pitulungan aku,” kandhane Kancil marang warga alas nalika ing sawijining sore padha ngombe ing telaga karo nglungani merga ing papan kana ora dianggep.
Kabeh warga alas terus wae anggone padha ngombe lan adus ing telaga, ora nggape kandhane Kancil. Lagi sawetara jangkah anggone Kancil lumaku, keprungu suwara Macan nggereng kang dumadakan wis ana sangarepe Wedhus mamerake siyunge sing landhep mingis-mingis. Wedhus keweden, awake wel-welan. Kancil sing isih ana papan kana mung nyawang karo mesem emoh nulungi Wedhus. Batine malah nyukurake.
Ngerti yen Wedhus arep dimangsa Macan, warga alas liyane kanthi bebarengan niyat nulungi. Bantheng ngongasake sungune kang landhepe pindha ri kemarung. Mripate mlirik ambegan mbekos, sikili tharuk-tharuk lemah siyaga nyundhang Macan. Semono uga Jaran, Gajah, Sapi lan kewan-kewan liyane padha siyaga ngrewangi Wedhus nyerang Macan.
Weruh warga alas siyaga ngrewangi Wedhus, Macan cilik ati mula banjur mlayu ngedring ninggalake papan iku ora sida mangsa Wedhus. Bola-bali Wedhus ngucapke maturnuwun marang para warga alas liyane.
”Yen awake dhewe manunggal dadi siji, saiyeg saeka kapti, macan mesthi ora bakal wani mangsa awake dhewe. Dadi kanthi mangkene tanpa pambiyantune Kancil awake dhewe bisa ngusir Macan.” Kandhane Jaran marang warga alas. Kancil sing krungu kandhane jaran klincutan banjur nglungani. Wiwit kedadeyan sore kuwi kabeh warga alas pada prasetya bakal nyawiji manuggalake kekuwatan kanggo ngawekani pamangsane Macan tanpa njaluk pitulungane Kancil maneh.
Dening: Bambang P
Tidak ada komentar:
Posting Komentar